MERDIKOMU KUWI ...
Kita Harus Melawan Amerika Serikat Penjajah Dan Gerombolannya, Didot Klasta 90an Iki wulan Agustus Merdeka mBah ! Merdeka Pak ! Merdeka Yu ! Merdeka Oom ! Merdeka nDhuk ! Merdeka Bung ! Sesasi nganti lambe juweh Upacara, gapuro, umbul-umbul, kerjabakti, panggung pitulasan, lomba-lomba, karnaval pembangunan Sesasi nganti kaya kurang gawean Merdeka Coi ! Podho-podho Crot ! Piye kabare Coi ? Podho wae Crot Entek-entekan wulan Agustus Mongso ketiga srengenge kencar-kencar Hawa padhet ribet nglangut sumpeg Angin bingung ngetan-ngulon tanpa tujuan Ana luwak nyander kuthuk Bocah cilik dolanan gangsingan sepi Sega panas klubanan tempe koro Opo sing kurang ? Kok dirasak-rasakake cemplang Mul Becak ngalamun ngisor wit waru