MERDIKOMU KUWI ...

Kita Harus Melawan Amerika Serikat Penjajah Dan
Gerombolannya, Didot Klasta 90an
Iki wulan Agustus
Merdeka mBah ! Merdeka Pak ! Merdeka Yu ! Merdeka Oom ! Merdeka nDhuk !
Merdeka Bung !
Sesasi nganti lambe juweh
Upacara, gapuro, umbul-umbul, kerjabakti, panggung pitulasan, lomba-lomba, karnaval pembangunan
Sesasi nganti kaya kurang gawean
Merdeka Coi !
Podho-podho Crot !
Piye kabare Coi ?
Podho wae Crot

Entek-entekan wulan Agustus
Mongso ketiga srengenge kencar-kencar
Hawa padhet ribet nglangut sumpeg
Angin bingung ngetan-ngulon tanpa tujuan
Ana luwak nyander kuthuk
Bocah cilik dolanan gangsingan sepi
Sega panas klubanan tempe koro
Opo sing kurang ?
Kok dirasak-rasakake cemplang

Mul Becak ngalamun ngisor wit waru
Tukiman Cukur ngowoh theklak-thekluk
Jono Kuli adus kringet turut los pasar
Sri Dawet ngetung dina mbuh opo karepe
Mas guru mumet mikir cicilan Honda Supra
Karyo Pacul maculi lemahe wong
Yem Bakul ngglesot pojok pasar sak lawase
Bocah cilik nadah recehan ana prapatan
Glandhangan rebutan sampah karo asu
Ora perduli presidene sapa
Wong sugih, wong pangkat, wong gedhe, wong agung …
Nang gedhong magrong-magrong kana …
Gedibale ngerek gendera …
Abang-putih resik cagake pengkuh …
Dhuwur-dhuwuran
Opo sing kurang ?
Saka kamardikan ?

didotklasta

Comments

Popular posts from this blog

WIT … WITAN PLASTIK (naskah pertunjukan)

MIMPI BURUK ROCK (gaya) INDONESIA

SEBUNGKUS PUISI-PUISI HUJAN